Naskah :: Kembali

Naskah :: Kembali

Serat Suryajaya

([publisher not identified], [date of publication not identified])

 Abstrak

Teks Suryajaya ini memiliki kesamaan dengan Suryaraja, keduanya merupakan cerita kiasan tentang keadaan politik di Yogyakarta pada masa tertentu. Naskah sama sekali tidak memuat keterangan nama penyalin/penulis, tarikh penyalinan tempat penyalinan, dan penulisan teks asli. Berdasarkan kertas yang digunakan, diduga naskah ditulis sekitar awal abad 20. Berdasarkan model tulisan yang digunakan, naskah ditulis di Yogyakarta. Naskah dibeli oleh Pigeaud di Yogyakarta pada tanggal 30 November 1932. Mandrasastra mengerjakan ringkasan naskah ini pada bulan Juni 1933. Berikut adalah kutipan lengkap ringkasan tersebut dilanjutkan dengan daftar pupuh dan cuplikan dua gatra pertama tiap pupuh. Nomor urut ringkasan sesuai dengan nomor urut pupuh. (1) Nata Banjar-rukmi nama Pujadewa kagungan garwa kathah, nanging dhumawahing asih amung dhateng Dewi Pujaningrum sakinanthig praja Rancang-kancana. Sang Nata gugon-gugonen atur bebenteran pandamelipun para garwa, kalampahan sang Garwa kinasih dipunkendhangaken ing seganten. Nanging ing wekasan sang Nata kaduwung. Sang Nata anampeni wisik kinen krama putri ing tanah Jawi, kanthi kapetha ing gambar. Sang Nata sinewaka andangu dhateng patih bab putri ing tanah Jawi. Sang Nata lajeng utusan animbali gurunipun nanta Maryani; (2) Sang Maryani matur ing bab kawontenaning Ratu Tanah Jawi, wekasan tinelasan dening sang Prabu sebab angunggul-unggulaken Sri Tanah Jawi. Sang Nata lajeng anglampa-haken serat panglamar dhateng Ratu Tanah Jawi; (3) Anerangaken busananing nata dalah para garwa wekdal sinewaka badhe angkatan dhateng tanah Jawi; (4) Sang Nata bidhal dhateng tanah Jawi; (5) Gentos cariyos ing wukir Gambiralaya, tanah Jawi, wonten pandhita anama Manuswara gadhah anak pupon anama Wasi Pramuja. Sang Wasi tansah anggugulang jaya kawi-jayan. Sang Pandhita tansah amambengi kalakuwanipun sang Wasi; (6) Sang Pandhita aparing pitedhah supados sang Wasi suwita sang Prabu Suryajaya (kinanthen wuwulang kathah-kathah ing bab suwita Ratu). Sang Wasi angkatan badhe suwita kadherekaken rencang 3; (7) Sang Wasi Pramuja sampun katampen pasuwitanipun ing sang Nata Purwakandha. Dutanipun Sri Pujadewa ing Banjar-rukmi sampun dumugi tanah Jawi angunjukaken serat, tinampenan dening sang Patih; (8) Rerenggan busananipun sang Nata dalah ingkang sami sewaka. Sang Patih maos serat saking Sri Banjar-rukmi; (9) Sang Patih mundhi dhawuh aparing angsul-angsul ijeman. Suraos: panglamaripun Sang Sri Banjar-rukmi kepareng, nanging mawi tumbasan saganten rah. Duta mantuk. Sang Parbu dhawuh asiyaga ngayuda nedya sumungsung methukaken yudanipun Sri Ban-jar-rukmi bokmenawi dhateng; (10) Sang Nata bidhal; (11) Ratu-ratu bawahan rehing Purwakandha sampun sami tampi dhawuh lumawan ing yuda. Lajeng sami ayasa pamandhokan. Lampahipun Sri Banjar-rukmi sampun dumuginmg Blambangan, amasanggrahan; (12) Sri Banjar-rukmi nampeni dhatengipun duta ingkang angutus anglamar. Sri Nata sanget duka. Lajeng bodhol sakng pasanggrahan nedya anggempur ing Purwakandha; (13) Nata Purwakandha wonten pasanggrahan ing dhusun Sarwadadi, miyos tinangkil; (14) Nata Purwakandha dhawuh dhateng patih tumrap badhe tangkepipun amethukaken yudanmg mengsah; (15) Lajeng campuh perang rame. Wadyanipun Sri Banjar-rukmi tansah kalindhih. Lajeng kesaput dalu; (16) Enjingipun perang malih. Wadya Purwakandha (tanah Jawi) kerisakan; (17) Enjingipun perang rame malih. Wadyaning mengsah gentos risak; (18) Tanksih rame perang; (19) Taksih perang rame. Wadya tanah Jawi kerep karisakan. Sang Nata ayatan badhe anyarirani; (20) Rerenggan panataning wadya dalah busananipun. Nata Banjar-rukmi ugi ayatan anyarirani yuda. Sampun lajeng ayun-ayunan; (21) Tempuking perang wadyanipun Ratu Banjar-rukmi kerisakan; (22) Nata Banjar-rukmi kelangkung duka, angetog kasudiran, sarana angedalaken pangabaran. Wadya tanah Jawi keplajeng; (23) Nata Purwakandha mangsah semedi, angsal pitulunganing Putri Jim sang Prabu Retnawati sagah ambantu yuda. Sanalika sang Putri Jim dalah wadya umangsah pupulih. Wadya sabrang ing Banjar-rukmi kaplajeng. (24) Nata Banjar-rukmi ngedalaken pangabaran danawa ageng sanget, campuh perang kaliyan Putri Jim Prabu Retnawati gentos keseser. Para danawa wadyanipun Sri Banjar-rukmi ingkang perang wonten ing gagana tatandhingan kaliyanipun wadya Jim. Para danawa kaplajeng; (25) Sang Putri Jim umarek ing ngarsaning raka Sri Purwakandha ngaturaken ramening perang tandhing danawa ageng. Lan angaturaken bilih waduya danawa. wadyanipun Sri Banjar-rukmi (mengsah) ingkang perang ing gagana, sampun kaplajeng dening Dyah Ambarawati (Putri Jim: papatihipun Dewi Retnawati); (26) Nata Purwakandha sarujuk kaliyan ingkang garwa (Putri Jim Retnawati) nedha nyarirani yuda. Sang Nata ananthing manahipun para punggawa, nanging semunipun sadaya sami giris, ananggenaken kasudiran, anjalari lejaring panggalih Nata. Nata Banjar-rukmi dhawuh dhateng Patih bilih enjingipun nedya ngangsek anyekung perang; (27) Nata 2 (ingkang anglurug lan ingkang linurugan) sampun sami ajeng-ajengan; (28) Lajeng wiwit perang angaben bala. Wadya Nata Jawi (Purwakandha) tansah kerisakan; (29) Sang Putri Jim ngaturi pamrayogi supados sang Nata anjemparing makuta agemipun Nata mengsah. Ugi lajeng kaleksartan, anjalari mirudipun wadya mengsah. Nata mengsah sanget krodha, anglepasaken langkap dibya, mahanani ngisisipun wadyajim (wadya tanah Jawi). Sang Nata tanah Jawi rudatos ing galih. Lajeng sang Wasi Pramuja sumundhul ing paparangan; (30) Wasi Pramuja pejah, kataman sanjatanipun Nata Banjar-rukmi. Nata Banjar-rukmi perang rame kaliyan Nata Tartah Jawi. Wasi Pramuja gesang malih lajeng amracondhang ing Nata mengsah (Banjar-rukmi); (31) Nata Banjar-rukmi pejah. Wadya balanipun ngamuk, pinethukaken para Jim, wadya ing tanah Jawi. Para wadya Banjar-rukmi karisakan kaplajeng. Sang Nata Purwakandha kundur. Sang Putri Jim ngahyangan; (32) Dewi Pujawati putranipun Sri Banjar-rukmi sanget murina ing manah dhateng sedaning rama, lajeng pamitan ing para ibu nedya bela ingperang; (33) Sang Dewi sampun umangsah perang sakalangkung rame; (34) Taksih perang rame. Wadya banjar-sari risa; (35) Sang Suryaningrat (Rajaputra Purwakandha) amapagaken yudaning sang Dewi, amung tansah anyrenggara rum. Sang Dewi kalesan manah temah nutut; (36) Para garwanipun Sri Banjar-rukmi sampun mireng bab kajodhinipun Dewi Pujawati. Sang Rajaputra Purwakandha utusan lapur ing rama Nata sakaliyan, bab jaya ing prang jagad anawan sang Dewi Pujawati; (37) Sang Prabu sanget rena. Sang Rajaputra lajeng kadhaubaken kaliyan sang Dewi Pujawati. Ibunipun sang Dewi nama Raden Ayu Kadhipaten, kaboyong lajeng katunggilaken sang Dewi Pujawati. Dewi Angronsari garwa randhanipun Sri Banjar-rukmi kagarwa dening Sri Purwakandha. Lajeng angganjar-ganjaraken putri boyongan sanesipun. Lan anggaganjar miwah angulawisudha wadya sesaning pejah; (38) RWasi Pramuja kapundhut mantu dening sang Nata Purwakandha. Lajeng kaganjar dados Raja ing Banjar-rukmi ginantos nama: Prabu Surya Pramuja. Lajeng bibaran. (39) Sang Prabu sampun sepuh, lajeng gumantos ingputra. Salajengipun turun-tumurun. Daftar pupuh: (1) sinom; (2) durma; (3) pangkur; (4) kinanthi ; (5) asmarandana; (6) dhandhanggula; (7) sinom; (8) dhandhanggula; (9) pangkur; (10) asmarandana; (11) kinanthi; (12) pangkur; (13) mijil; (14) asmarandana; (15) pangkur; (16) asmarandana; (17) pangkur; (18) girisa; (19) durma; (20) asmarandana; (21) pangkur; (22) durma; (23) pangkur; (24) durma; (25) dhandhanggula; (26) asmarandana; (27) girisa; (28) durma; (29) sinom; (30) girisa; (31) durma; (32) asmarandana; (33) pangkur; (34) durma; (35) dhandhanggula; (36) mijil; (37) asmarandana; (38) sinom; (39) dhandhanggula; (40) sinom; (41) kinanthi; (42) dhandhanggula.

 File Digital: 1

Shelf
 CL.75 - NR 224 Serat Suryajaya small.pdf :: Unduh

LOGIN required

 Metadata

Jenis Koleksi : Naskah
No. Panggil : CL.75-NR 224
Subjek :
Penerbitan : [Place of publication not identified]: [publisher not identified], [date of publication not identified]
Sumber Pengatalogan:
ISBN: []
Tipe Konten:
Tipe Media:
Tipe Carrier:
Edisi: []
Catatan Seri:
Catatan Umum: Aks. Jawa ; Macapat ; ditulis di atas kertas bergaris ; Rol 141.10
Deskripsi Fisik: 162 hlm. ; 19 baris/hlm. ; 33,5x20 cm.
Lembaga Pemilik: Universitas Indonesia
Lokasi: Perpustakaan UI, Lantai 2
  • Ketersediaan
  • Ulasan
  • Sampul
No. Panggil No. Barkod Ketersediaan
CL.75-NR 224 TERSEDIA
Ulasan:
Tidak ada ulasan pada koleksi ini: 20187001
Cover