:: UI - Skripsi Membership :: Kembali

UI - Skripsi Membership :: Kembali

Pakem ringgit gedog lampahan djaka sumilir

(Fakultas Ilmu Pengetahuan dan Budaya Universitas Indonesia, 1959)

 Abstrak

Naskah Djaka Sumilir ingkang kula angge dasaring skripsi punika, klebet kempalanipun Dr. Tn.Pigeaud ingkang sapunika suminpen wonten ing kantor Lembaga Bahasa & Budaya Djakarta. Naskah wau wudjud tik-tikan, katjirenan nomor: A 19 no. 2 Kandelipun wonten 183 katja, ukuran folio, kaetik wolak-walik. Wawasan bab naskah Djaka Sumilir kados ingkang sampunkasebataken inginggil, ing bebukaning naskah, M.Ng. Sutasukarja mratelakaken bilih pekem gantjaran lampahanDjaka Sumilir punika anggenipun ndapuk pijambak, adedasar wewaton ingkang kaklempakaken saking sakedik sarana pitulunganipun M.Ng.Mlajadimedja, abdi dalem mantri nijaga kraton Kasunanan. Tentunipun anggenipun nglempakaken inggih rekaos sanget, punapa malih ngantos pepak, ngantos saget kangge ndapuk pakem gantjaran satunggal lampahan wetah. Langkung-langkung jen ngengeti sampun boten wonten dalang ringgit gedog ingkang sampunipun seserapanipun kados Mas Bekel Hamitjarita, tamtu sangsaja angel anggenipun bade luru katrangan.Ringgit punika katah warninipun, kadosta: ringgit beber, ringgit purwa, ringgit madya, gedog, dupara, krutjil atawi klitik, golek, ringgit kantjil, ringgit topeng, ringgit lss.ipun Ingkang kula rembag ing skripsi punika namung kula pilih ringgit gedog kemawon. Miturut tradisi Djawi, ingkang murwani jasa ringgit gedog punika asma Sinuwun Ratu Tunggul ing Giri.

 File Digital: 1

Shelf
 Singgih Wibisono.pdf :: Unduh

LOGIN required

 Metadata

No. Panggil : S11393
Subjek :
Penerbitan : [Place of publication not identified]: Fakultas Ilmu Pengetahuan dan Budaya Universitas Indonesia, 1959
Program Studi :
Bahasa : ind
Sumber Pengatalogan :
Tipe Konten :
Tipe Media :
Tipe Carrier :
Deskripsi Fisik : 98 lembar : 28 cm.
Naskah Ringkas :
Lembaga Pemilik : Universitas Indonesia
Lokasi : Perpustakaan UI, Lantai 3
  • Ketersediaan
  • Ulasan
No. Panggil No. Barkod Ketersediaan
S11393 TERSEDIA
Ulasan:
Tidak ada ulasan pada koleksi ini: 20156255